Rabu, 14 April 2010

Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu Ing Syukuran Wisuda

Posted by Hanum Wahyu Wibisono On 22.53 No comments
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Para Bapak saha Ibu sagung tamu undangan ingkang dahat kinurmatan. Langkung rumiyin mangga kula dherekaken ngunjukaken puju syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dhumateng kula panenengan, saengga ini dinten menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal manunggil wonten ini papan menika kanthi wilujeng.
Bapak saha Ibu, para rawuh ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin kula minangka wakilipun saking Bapak……………ngaturaken agunging matur nuwun dhumateng bapak/ibu para rawuh sedaya ingkang sampun kersa rawuh minangkani menapa ingkang dados panuwunipun Bapak………………..
Kaping kalihipun mboten kesupen kula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak sadherk kadang kadayen pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para mudha-mudhi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kamayaranipun ingkang hamengku gati.
Kaping tiganipun, kula sakeluarga nyuwun pangapunten dhumateng sedaya para rawuh ingkang mbok bilih anggenipun nenggapi saha caos tata pinaggih ingkang mboten mranani penggalih sagung para rawuh.
Kaping sekawan Bapak………sarimbit nyuwun lilaning panjenengan sekaliyan kersa paring berkah pangestu wilujeng ing rubeda, saged dados putra ingkang dewasa ngertos tanggel jawab, bekti marang tiyang sepuh lan murakabi dhateng bebrayan kathah labut labet dhateng nagari bangsa lan agamanipun.
Ing wasana para tamu kasuwun kanthi sanget kaparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan ngantos dumugi paripurnaning acara menika.
Minangka puput pepuntoning atur, mbok bilih anggen kula ngturaken tanggap wacana pambagyaharja punika taksih kathah icir cewet kuciwaning atur, saha kirang trapsila anggen kula matur, sakawit kirang lan cupeting pangertosan kula, mugi para tamu kersa anglunturaken agunging samudra pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar